Sabtu, 22 September 2012

Pangajap


Karepanku
Jo Bojo...
Siki aku wisdadi sarjana
Pakaryanku minulya ndidik anak bangsa
Nganggo sragam keki tambah wibawa
Muridku akeh sing wisdadi punggawa

Jo Bojo...
Aja sering takon kapan gole diangkat
Marakna dadi aku kepengn minggat
Ngode nguli meng Malaysia barat
Kaya tanggaku sing mbangun umah tingkat
Jo Bojo...
Sing gede pangapurane
Aku ngode wiyata ora ana apa – apane
Mung nambah akeh utange
Sing baku akeh pahalane
Jo Bojo...
Aku duwe kekarepan
Dadi pegawai negeri uripe mapan
Cukup sandang lan pangan
Tapi aku oran gerti kapan



Pangajap
Gemien……nem tahun kepungkur……
Akukepenginbanget kaya rika
Tindaksekolahngangklehtasketonwibawa
Numpakmontoranyar kaya bendara
Nang desadadiwongkopama

Siki……wisnemtaunteklakoni………
Akuwisdadi kaya rika
Senajanmungingngatasewiyata
Ngangklehtaskaronelangsa
Mikirnapedaringanoraisiapa-apa

Ngemben……nemtahun sing arepteka…
Akumungbisandedongakaro sing kuasa
Mbokmenawadadiwong sing kopama
Diangkatpegawainegerinangdesa
Nyekolahnabocahorarekasa




Glempang, 21 Januari 2011                         Suparno, S.Pd                                               Guru WiyataBahakti SDN 4 Glempang